wejangan Mpu Sepuh (25,5,1986)
Hayu..hayu..hayu
Binuko saking wadi...
Pangandikanku iki daharen ngger...!
Saking Karso Gusti ingkang Maha Suci
Sakwuse tapo 9 wulan 10 dino ono ing guwa garba ibu, wijil saka Bapa jlek lahir siro ngger...!!...uirp.
Polah Ngger..!!! polaho den ngati-ati, adepana tandingana apa wae den kangsitepa, apa wae adepana ngagem polah nyata, madek sinatria utama, sinatria pangayoman tumekaning bali awor Gusti Ingkang Maha Suci.
Ana ing ngadepi urip tak suwun para putro bisoho, kersa ngubahake nem driyanira nagagem jangka panampa, aja lena ing pangati-ati, jer sira teka seka ngerti jawa bali maring ngerti jawa.
Madega teleng, telenging mubah mosiking njaba njero, ilinga, kang momong siro cedak tampo senggolan, den permana owah gingsiring tumuju mrana. sangakan paraning dumadi, asal usule sangkan parane ana.
Sila madep,ngadepi, ngatasi, sirna..ana ing polah nyata gumantung siro...!!!
Raga nyata, urip nyata wujud sira, tanggel jawab ana ing sira,
Panuwune Mpu R Samiadji Niti Yudha Negara..den biso anggonira srawung mangudi ngudari obah wadi "13 Krida Sinalika"..!!!
jer pirang pirang iki sak jatine siji
"AKU SIRO DUDU LIYAN"
Jinangka saking wadi dadia ambrakatanne kulit daging, putra Sinalika ngebaki jagat jumbuh Saking Karsa Gusti Allah Ingkang Maha Suci
salam
Pagerluhur, Pacrabaan Ngalmuk Putih
Mpu R Samiadji Niti Yudha Negara.
ini adalh wejangan Mpu dan sekaligus wasiat kepada seluruh putro Sinalika...